SUGENG RAWUH TENG BLOG "TJAH NDUESO COMMUNITY"

PANDONGAKU 3,5 DERAJAT





Duh Gusti Alloh ingkang Maha Agung. 
Parengono pepadhange dalan-MU, 
Ben iso anggonku mlaku ora tunyak-tunyuk koyo wong wuto.

Duh Gusti Alloh Maha Asih.
Jembarono atiku seluas samudro.
Ben iso ngadepi urip ing jagat suwung.

Duh Gusti ingkang Murbeng Dumadi.
Mugi ingsun dadi padange ati,
Lan Methuk jembare dalan.

Sejatine Manungso urip mung sedhelo,
Urip ing kono koyo samudro.
Mulo bebarengo tetanen.
Mbesuk ing kono bakal pepanen.

Amin Ya Robbal Alamin.
3,5 derajat, 15 Rabi'ul Awal 1433 H

0 komentar: