SUGENG RAWUH TENG BLOG "TJAH NDUESO COMMUNITY"

CERITA INSPIRASI IBU SEORANG TUKANG MBECAK

Seorang Ibu soko deso NGLUWENG arep nyang njakarta. Neng perjalanan numpak bis Sinar Jaya kebetulan si Ibu sebangku karo cah enom sing jenenge Mas Anjar. Terus terlibat sebuah obrolan menarik antara Ibu Waldjinah karo Mas Anjar.

Mas Anjar : Bu, bade tindak pundi ? "Takon Om anjar"

Ibu Waldjinah : Bade teng Njakarta Mas ? "Jawab si Ibu"

Mas Anjar : owh, teng jakarta bade menopo bu ? "Takon Mas Anjar maneh"
Ibu Waldjinah : Bade ketemu kaleh putra ibu sing kesekawan mas, dinten senin ngajeng bade dilantik dados kepala Dokter teng Rumah Sakit Jakarta. "jawab ibu"
Mas Anjar : Wah hebat putra ibu, kulo salut kaleh putrane ibu. Lah, putra ingkang liyane teng pundi bu? "Takon Mas Anjar maneh"

Ibu Waldjinah : Putra Ibu sing ketigo saniki nyambet damel teng Kejaksaan Semarang dados Jaksa, terus putra ibu sing kaping kaleh nyambet damel teng Suoboyo dados PNS teng ngriko. "Jawab si Ibu penuh kebanggaan"

Mas Anjar : Wah, tambah salut lan bangga kulo kaleh ibu gadhah Putra2 sampun sukses. Lah Putra Ibu sing pertama saniki nyambet damel teng pundi bu? "Takon Mas Anjar Maneh"
Ibu Waldjinah : "Raine ibu Waldjinah langsung lesu lan sedih, terus njawab". putra Ibu sing pertama saniki teng Ndesa nyambet damel MBECAK mas.

Mas Anjar : pangapuntene bu, sanes kulo mboten sopan. Lah koq saget kados niku pripun critane bu? pangapuntene sakderenge. "Takon Mas Anjar Maneh"

Ibu Waldjinah : Mboten nopo2 mas, Awet Bapake anak2 pecah. Putra Ibu sing Pertama niku sing dadi tulang punggung keluarga. Kerja keras kangge keluargo lan mbiayai Sekolah adek2ke nganti berhasil dadi SARJANA lan iso nyambet damel sing kepenak mboten kados masse. Walupun De'ne nyambet damel dados tukang becak tapi Ibu bangga gadhah Putra kados de'ne. Ibu sayang sanget kaleh de'ne semoga de'ne di paringi kebahagian dunia akhirat.

Mas Anjar : Luar biasa, kulo tambah bangga kalian putra2 ibu. Cerita Ibu saget dados Motivasi kagem kulo piyambak lan mungkin saget kulo bagi kaleh rencang2 kulo mangke.
Soko crita neng nduwur sedulur iso njipok Intisarine, bahwa apa sing awake dewe lakukan atau kerjakan iso nyenengke sedulur/brayat. Insya Alloh iku sebagai ladang amal kanggo awake dewe. Wis semestine awake dewe bisa nyenengke adek2ke utawa wong tuwane. Mumpung iseh di kei awak sehat, panjang umur kapan maneh iso melakukan sesuatu sing iso berguna kanggo wong liyo.

Semoga crita iki iso dadi Inspirasi kanggo sedulur Tjah Ndueso Sedoyo.

0 komentar: